B. Daerah

Pertanyaan

buatkan karangan bahasa jawa tema ra kartini

1 Jawaban

  • Raden Adjeng Kartini utawi langkung leres Raden Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April 1879 utawi 28 Rabiul Akhir taun Jawi 1806 - Rembang, 13 September1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Raden Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun boten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi.

    Radèn Adjeng Kartini punika satunggaling putri saking kulawarga Bupati Jepara ingkang dipunparingi tenger Kartini. Tanggal samangké déning bangsa Indonésia dipunpéngeti dados dinten Kartini. Kartini punika laré ingkang nomer gangsal saking Bupati Jepara. Déné pambajengipun, R.M.Sasraningrat, panengakipun R.M.Sasrabuana, panengahipun R.A.Cakradisasra, lan semendhinipun R.M.Sasrakartana. Radèn Ajeng Kartini punika pejuang émansipasi wanita Indonésia. Panjenenganipun ingkang sampun ngupadaya supados drajadipun wanita saged sami kaliyan priya.

    Nalika jaman semanten, tiyang èstri boten kepareng sekolah kados déné priya. Menawi sampun ngancik yuswa rumaja lan dipunanggep pasisirs dhaup, tiyang wadon lajeng dipunpingit. Dipunpingit tegesipun boten pareng medal saking griya supados saged dipunwulang katrampilan-katrampilan ngenani pagaweyanipun wong wadon saengga saged dados garwa ingkang saé. Adat kados mekaten sampun limrah lan turun-tumurun ing jaman semanten. R.A.Kartini ugi dipunpingit déning tiyang sepuhipun. Sejatosipun Kartini kepengin uwal, boten kersa dipunpingit, nanging piyambakipun boten saged. Ing salebeting pingitan, Kartini asring ngirim layang marang kanca-kancanipun saengga kawruhipun ugi nambah.

    Sinaosa dipunpingit Kartini ugi tansah sregep sinau kanthi buku-buku ingkang dipunbektakaken kancanipun, Nyonya Abendanon. Saksampunipun dipingit, nalika tanggal 8 November 1903 R.A.Kartini dipundhaupaken kaliyan Raden Adipati Jayadiningrat. Sinaosa sampun dhaup, perjuanganipun Kartini boten mandheg malah sansaya adreng anggenipun ngangkat drajadipun kaum wanita. Gegayuhanipun dipunsengkuyung déning garwane. Piyambakipun ngadhegake sekolah kagem para putri ingkang kepengin ngudi ilmu. Nalika tanggal 17 September 1904 antawisipun sekawan dinten saking anggenipun kagungan putra, Ibu Kartini kapundhut ngarsaning Gusti. Nanging, sedanipun kala wau boten ateges purnaning perjuangan emansipasi wanita. Perjuangan emansipasi wanita terus dilakoni saengga dinten samangke wanita saged ucul saking jiretan adat pingit. Wanita nduwé hak padha kaya hake priya. Wanita bisa sekolah lan ngudi ilmu ing pawiyatan luhur kayadene priya.

Pertanyaan Lainnya